Blogger templates

Download

Tuesday, November 22, 2011

MICARA (GUNEMAN)

Tuladha :

Nalika bocah lagi bubar ngaso ana salah sijining bocah sing bengak-bengok.
Adi      :’’He, karepe piye iki? kelas wis  disapu ko diregeti maneh?’’
Ani      :’’Di, aku ora ngreti, kowe aja ngarani aku!’’
Adi      :’’Aku ora ngarani kowe, aku mung kepengin weruh sapa sing ngregeti.’’
Ani      :’’Lha ngapa ta, ndadak pengin weruh? koksapu maneh rak wis bar!’’
Adi      :’’Enake! Aku ki piket dina iki. Mengko yen bu Guru pirsa sapa sing didukani?’’
(Dumadaken  Bu Guru rawuh)
Bu Guru:’’Ana apa ta? kok seru-serunan olehe ngomong?’’
Ani      :’’punika lho Bu, Adi nesu amargi kelasipun dipunregeti malih. Kamangka Adi piketipun.’’
Bu Guru;’’Bocah-bocah, wis bola-bali Bu Guru ngendika, yen mbuwang regedan ing papanne.Ngene iki rak ya ngrekasakake sing piket. Nah, saiki kabeh ndungkluk, sing weruh regedan banjur age-age njupuk regedan kuwi lan buwang ing papanne.’’
Adi      :’’Maturkesuwun Bu, kula mboten perlu piket malih.’’
Bu guru:’’Ya wis, saiki diterusake pelajarane.’’
Saking pacelathon wonten inggil, kita saged mangertos menawi pacelathon kaliyan tiyang langkung sepuh ngagem basa karma lan kaliyan kanca sakpantaran ngagem basa ngoko.

0 comments:

Post a Comment

Blogger Tricks

Share

Twitter Delicious Facebook Digg Stumbleupon Favorites More