Blogger templates

Download

Tuesday, November 22, 2011

Partai

Ing prapatan dalan Gondokusuman ing kutha Jogja, Parmin lan Parman (kekarone jeneng sesinglon) sing padinane minangka tukang becak, kaya ing awan kuwi padha ndomblong nonton parte-parte sing lagi padha kampanye. Parmin sing luwih tuwa ngejak jagongan marang Parman nganggo basa Jawa ngoko, dene sing diajak omong nganggo basa krama. Parembugan kaya ing ngisor iki.
Parmin Piye Dhik Parman, besuk kowe milih parte apa?
Parman Benjang kula badhe milih parte ingkang sae kok Kang!
Parmin Lho parte sing apik kuwi sing kaya ngapa?
Parman Nggih parte ingkang saged dipunpitados nalika sampun dados wakil kita.
Parmin Lho parte sing bisa dipercaya iku sing kepriye ta Dhi?
Parman Mekaten lho Kang, parte ingkang sae menika inggih menawi kita gadhah karibetan, piyambakipun saged merjuwangaken, lajeng boten migatosaken kepentinganipun piyambak, kadosta korupsi, boten migatosaken lingkungan, lan sanesipun.
Parmin Oo ngono kuwi ta. Banjur yen ana parte ngedum-dum dhuwit lan sembako kuwi ya apik Dhi?
Parman Nggih sae, nanging sae ingkang dipundum menika, kadosta arta lan sembako.
Parmin Ateges mengko bisa nyoblos parte sing ngono kuwi?
Parman Inggih saged nyoblos parte ingkang mekaten, nanging kedah emut lho Kang, ampun ngantos ingkang dipundumaken menika njiret dhumateng kita supados nyoblos parte menika.
Parmin Lha kok?
Parman Amargi saged kemawon, parte ingkang menika boten saged dados wakil ingkang sae tumrap kita, kadosta mbenjangipun namung luweh-luweh tumrap karibetan kita, rak malah cotho.
Parmin Banjur kepriye penake?
Parman Inggih menawi dipunparingi menapa kemawon kita tampi, nanging nyoblosipun dereng mesthi parte menika.
Parmin Oo ngono ta. Dadi yen ana parte saka ngendi wae menehi awake dhewe barang ditampa wae ya. Wah yen ngono aku mathuk wae karo panemumu kuwi.
Parman Lha menika wonten parte ingkang badhe maringi kita, mangga Kang dipuntampi kemawon.
Parmin lan Parman banjur padha nampa barang saka parte sing lagi kampanye. Kaya ing pasinaon sadurunge, para netter utawa para maos disuwun kersa ngisi ukara sing durung rampung. Tembung-tembung sing kacithak kandel minangka pancingan kanggo ngisi. Sugeng ngisi!
Undha-usuking tembung ngoko - krama kaya sing digunakake ing dhuwur
Tembung Ngoko
Krama
Krama Inggil
apik sae -
besuk benjang, benjing -
dhuwit arta, yatra -
percaya pitados -
  • dipercaya
  • dipunpitados
-
sing ingkang -
tampa tampi -

0 comments:

Post a Comment

Blogger Tricks

Share

Twitter Delicious Facebook Digg Stumbleupon Favorites More