Blogger templates

Download

Tuesday, November 22, 2011

NYEMAK

Tuladha :

Mirengake pacelathon ngagem telepon wonten mandhap!

Pak Rudi       : ’’Halo!sugeng enjang.’’
Edi                  : ’’Sugeng enjang’’
Pak Rudi       : ’’Punapa leres punika Pak Agus?’’
Edi                  : ’’Oh sanes, kula putrane, punika sinten nggih?’’
Pak rudi         : ’’Pak Rudi,punapa saged matur kaliyan Pak agus?’’
Edi                  : ’’Nuwun sewu, Bapak dereng kondur, wonten kersa punapa pak?’’
Pak Rudi       : ’’Ngeten Mas, kula pesen kemawon mbenjang dinten senen tanggal 7 Agustus jam sanga, bapak dipunaturi dhateng Puskesmas Kertasana saperlu nampi pengarahan penyemprotan nyamuk demam berdarah.’’
Edi                  : ’’Senen nggih pak?’’
Pak Rudi       : ’’Inggih Mas, tulung aturaken marang Bapak. Maturnuwun Mas.’’
Edi                  : ’’Inggih Pak, sami-sami.Mangke kula aturaken.’’
Saking pacelathon wonten inggil, kita saged mangertos menawi pacelathon kaliyan tiyang langkung sepuh ngagem basa karma lan kaliyan kanca sakpantaran ngagem basa ngoko.

0 comments:

Post a Comment

Blogger Tricks

Share

Twitter Delicious Facebook Digg Stumbleupon Favorites More